MATERI DAN PEMBELAJARAN BAHASA JAWA DI MI/SD



MATERI DAN PEMBELAJARAN BAHASA JAWA DI MI/SD
Assalamualaikum wr.wb. kula Anis saking Nganjuk, sampun pindah dateng Madiun taun kalih ewu sewelas menika pas kula mlebet dateng SMA/MAN. Lajeng kula gadah kanca enggal dateng sekolahan enggal. Menika kula kaget amargi kanca-kanca kula biasa miguna aken tembung ”kowe” , sebab rumiyin menawi kula tasik dateng Nganjuk tembung “kowe” kados tembung ingkang kedah dipun inggati menawi sanjang kalih sinten mawon. Umpami tiyang sepuh midhanget lare ngomong “kowe” lajeng dipun dukani. Dados, tembung “kowe” di arani tembung ingkang mboten sopan. Menika, pas kula di celuk kanca enggal kula, damel tembung ”kowe” kula lajeng kaget kalian mbaten “kok bocah iki ora sopan”. Tibak e dateng mriki tembung ”kowe” sampun lumrah. Lajeng kula mikir, menapa mboten diwarai sopan? Tibak e niku sampun kebiasaan, nanging nggih mboten salah. Sebab antar kanca damel tembung ngoko lugu niku nggih leres mawon. Menawi wonten ingkang damel krama alus niku nggih tergantung kebiasaan daerahipun piyambak-piyambak. Menawi keranten daerah kula rumiyen termasuk lingkungan pondok, dados pangucapanipun dipun arahne dateng tembung-tembung ingkang alus kalian tiyang sepuhipun supados kebiasaan. Mekaten saking kula, kirang langkungipun pangapunten, wassalamualaikum wr.wb.

Comments